Tampilkan postingan dengan label Khutbah Jum'at Bahasa jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khutbah Jum'at Bahasa jawa. Tampilkan semua postingan

Minggu, 03 Agustus 2014

Khutbah Jum'at Bahasa jawa (Fadilat Jum'at)



FADILAH JUM’ATAN
Poro Kawulone Allah
          Monggo Tansa  podho takwo  MARANG Alloh kelawan sak temen-temene takwo, monggo nglakoni perintah-perintahe Allah lan ngedohi larang-larangane Allah, kerono sak temene ora ono keuntungan kang luwe gedhengungkuli toat marang Alloh lan ora ono bahaya kang luwe gedhe ngungkuli tumindak maksiat marang Allah SWT,
          Poro Kawulone Allah
          Monggo podo syukur dumateng Allah SWT, krono Allah wes nggampangake kulo lan panjenengan sedoyo teko ono ing majlis Jum’atan iki, ing ndalem majlis Jum’atan iki, ono anugrah-anugrah, ono fadhilah-fadhilah kang gedhe banget. Dino jum’at iki dino kang banget mulyane, ora ono dino kang luweh mulyo ngungkuli dino Jumat, dino jum’at iki dino sejarah, ngelengake kitho marang sejarah wujude menungso. Di ngendika’ake ing ndalem sewijine hadits, sak temene Allah SWT nggawe mbah kitho Adam AS, ing ndalem dino Jum’at, sehinggo ing ndalem dino jum’at iki kitho kelingan marang mbah kitho, kelingan sak temene kitho iki makhluke Allah kang dimulya’ake, kerono kito iki nasabe nasab kang mulyo, yoiku keturunane nabi lan Rosul yoiku Adam AS,